Kamis, 04 November 2010

GEGURITAN "Upamakno"

Upamakno aku samodro
Kepingin biso dadi papan nyuntake panggresulo
Kepingin biso paweh pangapuro
Marang sadhengah pawongan
Kang nandhang cingkrang dhuhkito

Umpamakno aku bagaskoro
Kepingin madhangi kang lagi lelimengan
Kentekan obor satengahing dalan
Manasi ati lungkrah biso gumregah
Mbengkas akehe pepalang

Upamakno aku bumi pertiwi
Bakal tansah mendhem jero
Marang kabeh pakarti murang totokrami
Lilo legowo nuwuhake wiji wiji edi
Pinongko kusumaning nagari

Upamakno aku payung
Bakal paweh pangeyupan
Marang kang kepanasen lan kudanan

Upamakno aku teken
Bakal paweh cekelan
Marang kang podho kalunyon

Upamakno aku gegaman
Kepenginmujudelanggenge bedhamen
Gegandhengan nggayuh rejane jaman
Dudu ontran ontran perang
Sing ngrusak tatanan lan nggowo koeban korban

Upamakno aku angin
Kepingin tansah sumilir sumribit
Gawe adheme ati lan pikir
Marang sliramu sing saben wanci
Tuhu setyo ngugemi tresno marang janji ginowo mati


Adi Suyono

Rabu, 27 Oktober 2010

TANGGAP WACONO ATUR PASRAH TEMANTEN



ATUR PASRAH

Assalamu'alaikum wr.wb.
Kawulo numwun..

Pro tamu kakung sumawono putri ingkang kinurmatan. Panjenenganipun Bp..... (besan) ingkang dahat kawulo bekteni. Kulo minongko tinalangin boso cundakaning atur panjenenganipun Bp..... (ingkang nyroyo)kekalih.

Ingkang sepisan, Bp.... (ingkang nyroyo) kekalih ngaturaken salam taklimipun kunjuk dumateng Bp.....(besan) kekalih, kanti pepuji mugi mugi Bp/Ibu..... tansah pinaringan berkah rahmating Pangeran suko rahayu ingkang sami pinanggih.

Kaping kalihipun kulo ugi tinanggenah hamasrahaken sri penganten kakung ingkang peparap Bagus..... ingkang badhe kadhaupaken Roro..... putro putrinipun Bp..... ingkang puniko Bp..... (ingkang nyroyo) kekelih ugi ngaturaken talining katresnan ingkang arupisandhangan penganten putri sapengadek. (saget kaaturake peranganipun : contonipun :sangsangan rinonce, kundolo krincing, kalpiko, ugi rasukan kangge pinanganten putri ingkang sedoyo kalo wau arupi beburoning wono).

Menggah sedoyo kolo wau kaaturaken kanti suko renaning penggalih, nadyanto mboten wonten ajinipun, pramilo sampun kaukur kanti bobot lan bebeting barang, mugi katampio minongkao talining katresnan kangge ngraketaken anggenipun bebesanan.

Ingkang puniko, mbok bilih sedoyo ingkang magepokaken toto coro ijab sampun satoto, keparengo ijabing panganten lajeng katindakno.

Bp/Ibu..... (besan) nderek nyeyuwun dateng Gusti Alloh swt, mugi paringo berkah pangestu wilujeng dumaten ijabing penganten, sageto kasembadan kanti wilujeng nir boyo nir sangsoyo sapanginggilipun, mboten wonten alangan satunggal menopo sumrambah ing sedayanipun.

Kulo ingkang tinanggenah caroko ingkang ngaturaken pasrahan tementen, mbok bilih wonten cecer cewet tuwin kuciwaning atur lan mbok bilih wonten kiranging subo sito, tandang tanduk tuwin toto krami, kulo dalah poro caroko ingkang nglumantaraken srah srahan sadoyo nyuwun samodraning pangaksomo.

Wasono bilahit taufik wal hidayah,
Wassalamu'alaikum wr. wb.

Mugi migunani lan nanmbahi sesrepan

Adi Suryono

Senin, 25 Oktober 2010

ATUR PAMBAGYO WILUJENG DUMATENG TAMU TEMANTEN

Assalamu'alaikum wr. wb.
Kawulo nuwun..

Poro pepunden ingkang dahat kinabekten.. Poro pinisepuh, aji sepuh ingkang satuhu pono ing pamawas miwah lebdo ing pitutur.. Poro rawuh kakung sumawono putri ingkang pantes sinudarsono.. Mugi rahayu soho sih wilasaning Pangeran ingkang Moho Welas lan Moho Asih. Soho winantu sagunging karaharjan, karahayon, kabegjan, kawilujengan mugi kasariro poro tamu sadoyo.

Saestu kawulo nyuwun lumunturing sih samodro pangaksami, hambok bilih kawulo kaanggep cumanthoko jumeneng sarto sumelo matur, anggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben eco lelenggahan miwah imbal pangandikan. Awrat minangkani atur pamundutipun Bopo... (ingkang hamengku gati)kawulo ingkang piniji matur wonten ngarso panjenengan sami.

Ingkang sepindah, Ngaturaken sewu syukur alhamdulillah ing Gusti ingkang andamel gesang dene hajatipun Bp/Ibu..... anggenipun ngayahi darmaning asepuh daupaken putro (putri) ingkang asesilih..... sampun kalampahan daup kaliyan..... rikolo dinten.... tanggal kaping..... wanci jam.... wonten ing.... kanti wilujeng nir ing sambikolo.

Kaping kalihipun Bp/Ibu..... sabrayat kanti bebeg birawaning manah ngaturaken suko bingahing manah soho ngaturaken pambagjo wilujeng sarto agunging panuwun ingkang tanpo pepindhan katur poro rawuh sedoyo ingkang sampun kerso ngrawuhi saperlu hanjenengi soho paring berkah pangestu wilujeng dumateng sripanganten sekaliyan sumrambah dumateng sanak saderek sedoyo.

Mboten kesupen Bp/Ibu.... ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpo upami katur poro sanak sederek, kadang kadeyan pamong mitro, tonggo tepalih soho poro kadang kaneman ingkang sampun kanti lilo leganing manah paring pambyantu lan panyumbang ingkang awujud punopo kemawon.

Sarehning Bp/Ibu.... mboten saget ngaturi piwale punopo - punopo, sagedipun namung ngaturaken pudyo pudyastuti mugi mugi angsalo sih kautaman panjenengan sedoyo saking pangarsanipun Pangeran, sarto angsalo piwales sih kanugrahan ingkang matikel tikel lan mawantu wantu.

Kaping tiganipun Bp/Ibu..... sagotrah nedo sih panarimo panjenengan sedoyo kersoa paring berkah pangestu pujo pangastuti mugi mugi sri penganten sekaliyan sagedo ngleksanani kekudanganipun poro pini sepuh sedoyo. Sagedo sri penganten sekaliyan antut runtut dumugining kaken kaken lan ninen ninen rahayu widodo kalis ing sambikolo. Tuwin enggal angsalo momongan puto utawi putri ingkang bekti dumateng Alloh SWT, bekti dumateng romo ibunipun, lan poro pinisepuhipun, sagedo mikul duwur mendhem jero labuh labet dateng negari, lan bangsanipun murakapi dhateng bebrayan agung.

Kaping sekawanipun mbok bilih wonten kiranging trapsilo susilo anggenipun ngacarani, bujokromo poro sanak sederek ingkang tinanggenah among tamu, soho kirang trapsilaning poro kaneman anggenipun nyaosaken pasugatan, kersoo poro tamuhanglunturaken samodro pangaksami.

Ing wasono poro tamu kasuwun keparengo anglajengaken lelenggahan kanti mirunggan suko mangung suko murakapi sadoyo pasugatan lan lelangen ingkang sampun sumawis ngantoso dumugi sak paripurnaning pawiwahan puniko.

Minongko panutuping atur, mbok bilih anggen kulo ngaturaken tanggap wacono pambagyo woro meniko kathah cicip cewet kuciwanipun, soho kirang trapsilaning anggen kulo matur kersoo poro tamu anglunturaken samodro pangaksomo.

Akhirulkalam, bilahit taufik wal hidayah,
Wassalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun..

Mugi migunani lan nambahi seserepan dumateng kito sami...

Adi Suryono

RANTAMAN POKOK-POKOK TANGGAP WACONO

Ing salebetipun wacono kedah kamot perkawis ingkang kados puniko kanti rantaman ingkang sampun turut
a. Salam pambuko
b. Purwoko
c. Isi
d. Wigatining
e. Pengajeng-ajeng
f. Wusono

Jangkepipun kados mekaten :

a. Salam pambuko
Inggih punio ngaturaken salam ingkang sepindah. Ing racikan puniko dipun aturaken salam pambuko "Assalamu'alaikum wr wb" langkung rumiyin. Mbok bilih wonteng ingkang ngaturaken atur salam pambuko meniko dipun wiwiti kanthi nyebat ingkang rawuh rumiyin. Anangin miturut ajaran islam, mboten wonten ginanipun ngaturaken salam sasampunipun naturaken / nyebat poro rawuh.

b. Purwoko
Inggih puniko atur matur nuwun dumateng poro tamu undangan. Soho atur syukur dumaten Alloh swt, lsp.

c. Isi
Inggih meniko sedoyo perkawis ingkang dipun wedaraken.

d. Wigatining (kesimpulan)
Inggih puniko inti saking isi ingkang sampun dipun wedaraken.

e. Pangajeng-ajeng
Inggih puniko pitedah-pitedah soho pangajeng-ajeng ingkang dipun wedaraken dumateng poro ingkang midangetaken.

f. Wusono
Inggih puniko atur matur nuwun soho nyuwun pangapunten bilih wonten kekirangan soho kalepatan anggenipun nyaosi pangertosan.

Makaten mugi migunani lan nambahi seserepan.

Matur suwun

Adi Suryono


Minggu, 24 Oktober 2010

TANGGAP WACONO

Tanggap wacono inggih puniko ngendiko wonten ing sangajenging tiyang kathah. Ingkang gamblangipun ngendiko wonten ing sangajengipun tiyah kathah kanti maksud ingkang gumathok. Ingkang dipun maksud tiyang kathah meniko mboten wonten watesipun, ingkang baken langkung saking sedoso kinten-kinten makaten.

Tujuanipun Tanggap Wacono :
1. Kangge nyaosi pangertosan dumateng tiyang sanes.
2. Kangge nyaosi karemenan dumateng ingkang midangetataken, utawi paring panglipur dumateng ingkang midangetaken.
3. Kangge mengaruhi pemanggih ingkang mirengaken supados tumindak kados ingkang dipun suwun dening pamwacono.

PERSIAPAN TANGGAP WACONO
Kadospundi rantamaning adicoro tanggap wacono ingkang sampun dipun siapaken, tamtu taksih wonten thithaling soho taksih wonten kekiranganipun, bilah ingkang midangetaken dereng saget nampi babaran saking rantaman puniko.

Ing salebeting tanggap wacono satunggaling pananggap badhe pikantuk sambetan ingkang sae, mbok bilih piyambakipun ugi nglumantaraken kanti wacono ingkang sae ugi.

Awit saking puniko kedah dipun gatosaken pekawis-pekawis ingkang kirang mranani penggalih dumateng poro ingkang midanget.

Ing antawisipun :
1. Sikep sariro ingkang kirang mranani
2. Ewah-ewahaning pasuryan
3. Ewah-ewahanipun sariro
4. Sora lan mbotenipun suwanten
5. Iramaning suwanten
6. Rancaking pawicaran ingkang selaras kaliyan onto wecono
7. Suasononing suwanten ingkang selaras kaliyan kawontenan

Semanten Rumiyen mugi saget migunani

Mugi tansah lebdo ing karyo kalis saking rubedo

Adi Suryono